Rurabasa

Tembung rurabasa yaiku tembung sing ajeg lan sering digunakake sanajan salah kaprah.

Contone tembung rurabasa:
  1. Adang esuk = adang sega wayah esuk

  2. Adang sega =  geradang beras supaya dadi sega

  3. Bakul jangan = wong dodol keperluane masak

  4. Jaga gerdhu = jaga keamanan manggon ing gerdhu

  5. Mangan awan = mangan sega wayah awan

  6. Mbathik sewek = mbathik mori supaya dadi sewek

  7. Mbunteli tempe = mbunteli kedele godhog dicampuri ragi supaya dadi tempe

  8. Menek klapa = menek wite klapa

  9. Mikul soto = mikul kwali isine soto

  10. Ndhudhuk sumur = ndhudhuk lemah digawe sumur

  11. Njahit klambi = njahit kain supaya dadi klambi

  12. Negorklapa = negor wit klapa

  13. Nenun sarung = nenun benang supaya dadi kain

  14. Netel jadah = netel ketan mateng supaya dadi jadah

  15. Ngekum landha = ngekum arenge merang supaya dadi landha

  16. Ngenam klasa = ngenam mendong/pandan supaya dadi klasa

  17. Ngenam kepang = ngenam silatan pring/rambut supaya dadi kepang (rambut klabangan)

  18. Ngenam sesek = ngenam silatan pring supaya dadi sesek

  19. Nglinting rokok = nglinting klobot karo mbako supaya dadi r0kok

  20. Nulis layang = nulisi dluwang supaya dadi layang

  21. Nunggu manuk = nunggu sawah supaya parine ora dipangan manuk

  22. Tangi turu = melek bar turu

Itulah daftar 22 tembung Rurabasa, semoga bermanfaat bagi anda yang sedang belajar bahasa Jawa.