Jenis Tembang Jawa lan Tuladhane

Jenis Tembang Jawa lan Tuladhane. Didalam tembang Jawa terdapat berbagai macam tembang. Tembang-tembang ini mempunyai karakteristik sendiri-sendiri. Contoh yang paling dikenal oleh masyarakat luas adalah tembang macapat. Disini akan dijabarkan mengenai pembagian tembang jawa beserta dengan contohnya.

Tembang Jawa ana telung warna:

a. tembang macapat
b. tembang tengahan
c. tembang gedhe

1. Tembang Macapat

Tembang macapat ana 11 pupuh, yaiku:
a. asmaradana
b. dhandhang gula
c. durma
d. gambuh
e. kinanti
f. maskumambang
g. megatruh
h. mijil
i. pangkur
j pocung
k. sinom

Ciri-ciri tembang macapat:
1. kaiket dening guru lagu, guru wilangan, lan guru gatra
2. basa kang dinggo basa jawa kuno
3. isine ngenani pitutur/nasehat, dongeng, lan crita wayang

Ing tembang jawa, saben sak baris diarani sak gatra.
- dhandhang gula ana 10 gatra (baris)
- kinanti ana 6 gatra
- pangkur ana 7 gatra
- gambuh ana 5 gatra
- megatruh ana 5 gatra
- sinom ana 9 gatra

Guru wilangan yaiku akehing kecap (ucap) utawa suku tembung saben sa gatra (baris)

Guru lagu yaiku aksara urip (vokal) ing pungkasaning gatra (baris)

Tuladha:
Kinanthi
Anoman malumpat sampun  (guru wilangan 8 wanda, guru lagu u)
Prapteng witing nagasari  (guru wilangan 8 wanda, guru lagu i)
Mulat maringandhap katingal  (guru wilangan 8 wanda, guru lagu a)
Wanodya yu kuru aking  (guru wilangan 8 wanda, guru lagu i)
Gelung rusak wor lan kisma  (guru wilangan 8 wanda, guru lagu a)
kang iga-iga kaeksi  (guru wilangaan 8 wanda, guru lagu i)

Dhandhang Gula
Dhuh kusuma ingkang milangoni (10/i)
Buron arum ingkang sobeng warna (10/a)
Yen panggih sun arasane (8/e)
Sumber gung ngisor gunung (7/e)
Wreksa langking sisaning agni (9/i)
Sun sandhang pinarenga nedya amemanuh (13/u)
Wit saking tresnaning mana (8/a)
Surya ratri wong kuning sun kawulani (12/i)
Sun adhep saben dina (7/a)

Sinom
Sun iki dhutaning nata (8/a)
Prabu kenya Majapahit (8/i)
Kekasih Damar Sasangka (8/a)
Atma mantune ki patih (8/i)
Magang anyar awak mami (8/i)
Lahta bisma praptaningsun (8/u)
Ingutus Sang Narpendah (7/a)
Kinen mocok murdantaji (8/i)
marmaningsun ingutus ywa mindho karya (12/a)

Gambuh
Sekar gambuh ping catur (7/u)
kang cinatur polah kang kalantur (10/u)
tanpa tutur katula-tula katali (12/i)
kadulu warsa kapaluh (8/u)
katutuh pan dadi awon (8/o)

Pangkur
Mingkar-mingkure angkara (8/a)
Angkarana karenan mardi siwi (11/i)
Sinawung resmining kidung (8/u)
Sinuba sinukarta (7/a)
Mrih ketata pakartining ngelmu luhung (12/u)
Kang tumrap neng tanah Jawa (8/a)
Agama ageming aji (8/i)
(Wedhatama, KGPAA Mangkunagara IV)

Pocung
Basa ngelmu, mupangate lan panemu
Pasahe lan tapa
Yen satria tanah jawi
Kuna-kuna kang ginilut tri prakara
Lila lamun, kelangan noragegetun
Nrima yen kataman
Sak serik sameng dumadi
Tri legawa nalangsa srah ing bathara.

Bathara gung ing nguger jroning jejantung
Jenek hyang wisesa
Sana pasenedan suci
Nora kaya si mudha mudhar angkara.

Maskumambang
Gereng-gereng Gathotkaca sru anangis
Sambaté mlas arsa
Luhnya marawayan mili
Gung tinamĂȘng astanira

Mijil
Jalak uren mawurahan sami, (10/i)
Samadya andon woh, (6/o)
Amuwuhi malad wiyadine, (10/e)
Ana manuk mamatuk sasari, (10/i)
Angsoka sulastri, (6/i)
Ruru karya gandrung. (6/u)
(Haji Pamasa, Ranggawarsita)

Durma
Damarwulan aja ngucireng ngayuda, (12/a)
Baliya sun anteni, (7/i)
Mangsa sun mundura, (6/a)
Lah Bisma den prayitna, (7/a)
Katiban pusaka mami, (8/i)
Mara tibakna, (5/a)
Curiganira nuli. (7/i)
(Langendriyan)

2. Tembang Tengahan

Tembang tengahan kaperang dadi 4, yaiku:
a. balabak
b. girisa
c. jurudemung
d. wirangrong

3. Tembang Gedhe

Tembang gedhe kaperang dadi 4, yaiku:
a. citramengeng
b. kusumastuti
c. mintajiwa
d. pamularsih

Ciri-ciri tembang gedhe :
1. saben bait kaperang saka 4 gatra atau 4 wanda pada pala (pala lingsa).
2. rong (2) gatra atau rong (2) pada kasebut sak (1)  pada dirga.
3. patang (4) gatra kasebut uga 2 pada dirge atau sapa deswara utawa siji (1) pada iswara.
4. saben -saben pala utawa gatra jumlahe sak ukara iku pada, biasane kasebut laku utawa lampah.


Tembang gedhe iku luwih asring dinggo ana ing pagelaran wayang kulit.