Pamilahe Tembung Jawa

Pamilahe Tembung Jawa. Didalam bahasa Jawa, tembung atau kata itu dibagi lagi menjadi beberapa bagian sesuai dengan strukturnya. Kalimat (ukara) tersusun dari beberapa kata (tembung). Kata (tembung) terdiri dari susunan suku kata (wanda), dan suku kata (wanda) tersusun dari sekumpulan huruf (aksara). Jika dibuat skema menjadi seperti ini:
Ukara (kalimat) < Tembung (kata) < Wanda (suku kata) < Aksara (huruf)


Pamilahe tembung
Tembung bisa diudhal manut wandane lan kudu adhedasar tembung linggane (menawa tembung andhahan). Tuladha:
- gambar = gam - bar
- gambaran = gam - bar - an
- keturon = ke - tu - ru - an


Miturut jenise, tembung jawa ana 6:
1. Tembung Lingga
Tembung lingga yaiku tembung sing durung owah saka asale (kata dasar). Tembung lingga sing unine mung sakecapan diarani tembung wod.
Tuladhane tembung lingga:
- Adus, babar, kursi, tuku, turu (2 wanda)
- gamelan, garuda, segara (3 wanda)
Tuladhane tembung wod:
- tik, tul, lur, sak, rak. bak, gas, lsp.


2. Tembung Andhahan (Kata Jadian)
Tembung andhahan yaiku tembung sing owah saka asale.
Tuladha:
- latare
- piwulang
- tetuku
- omahe


2.1 Ater-ater (awalan)
a. Ater-ater hanuswara (awalan asal) sing awujud:
m-, n-, ng-, lan ny-
m- + pupus = mupus
n- + tulis = nulis
ng- + gawa = nggawa
ny- + sikut = nyikut
b.  Ater-ater tripurusa sing awujud: dak-, ko-, lan di-, sing awujud:
dak + pangan = dakpangan
ko + jupuk = kojupuk
di + tuku = dituku
c. Ater-ater liyane sing awujud:
a- + lungguh = alungguh
ma- + lumpat = malumpat
ka- + limpe = kalimpe
ke- + sandhung = kesandhung
sa- + gegem = sagegem
pa- + lilah = palilah
pi- + tutur = pitutur
pra- + wira = prawira
kami- + tuwa = kamituwa
kapi- + lare = kapilare
tar- + waca = tarwaca


2.2 Seselan (Sisipan)
Seselan sing awujud: -um, -in, -l lan -r
teka + -um = tumeka
gawa + -in = ginawa
siwer + l = sliwer
tudhung + l = tludhung
kelip + r = krelip


2.3 Panambang (akhiran)
Panambang sing awujud -i, -ake, -e, -ane, -ke, -a, -ana, -na, -ku, -mu, lan -en
teka + -i = tekani
turut + -ake = turutake
bapak + -e = bapake
jaluk + -ane = jalukane
kethok + -ke = kethoke
sepatu + -mu = sepatumu
pangan + -an = panganan
sugih + -a = sugiha
jupuk + -en = jupuken


3. Tembung Rangkep (Kata Ulang)
Tembung rangkep yaiku sakabehing tembung sing diwaca kaping pindho, bisa sakabehing tembung utawa mung sawanda. Tembung rangkep ana telung macem, yaiku:
3.1 Tembung dwilingga
Tembung dwilingga yaiku tembung -tembung sing diwaca kaping pindho kabeh linggane.
a. Dwilingga padha swara
- abang-abang
- guru-guru
- kewan-kewan
b. Dwilingga salin swara
- mloka-mlaku
- bola-bali
- wira-wiri
c. Dwilingga semu
- athi-athi
- undur-undur
- ondhe-ondhe


3.2 Tembung Dwipurwa
Tembung dwipurwa yaiku tembung-tembung sing diwaca kaping pindho mung wanda sing ngarep. Tuladhane:
- lelaku
- lelumpuk
- geguyu


3.3 Tembung Dwiwasana
Tembung dwiwasana yaiku tembung-tembung sing diwaca kaping pindho mung wanda sing mburi. Tuladhane:
- besisik
- cengingis
- cekikik


4. Tembung Camboran
Tembung camboran (kata majemuk) yaiku tembung loro utawa luwih sing dirangkep dadi siji, miturut tegese tembung camboran bisa kaperang dadi loro, yaiku:
a. Camboran tunggal
- nagasari
- semarmendem
- ulerkembang
-daramuluk
b. Camboran wudhar
- gedhe cilik
- meja tulis
- gedhang goreng
- lara branta


5. Tembung Tanduk
Tembung tanduk yaiku tembung lingga sing oleh ater-ater hanuswara (m-, n-, lan ny-). Tembung tanduk bisa kaperang dadi telu warna, yaiku:
a. tembung tanduk kriya wantah, yaiku tembung sing ora oleh panambang
- maju
- ndeleh
- ngadeg
- nyapu
b. tembung tanduk i-kriya, yaiku tembung tanduk sing oleh panambang i
- menthungi
- nglabuhi
- nulungi
c. tembung tanduk ke-kriya, yaiku tembung tanduk sing oleh panambang ke utawa ake
- nduduhake
- nyelehake
- ngalungake


6. Tembung Tanggap
Tembung tanggap yaiku tembung lingga sing oleh ater-ater tripurusa (ko-, dak-, lan di-) lan seselan -in. Tembung tanggap bisa kaperang dadi patang warna.
a. Tanggap tripurusa, yaiku tembung lingga sing oleh ater-ater tripurusa
- kojupuk
- dakpangan
- dibalangi
b. Tanggap na, yaiku tembung lingga sing oleh seselan -in.
- sinengkakake
- tinulis
- tinubruk
c. Tanggap tarung, yaiku tembung dwilingga sing oleh seselan -in tripurusa
- serat-sinerat
- cokot-cinokot
- sawang-sinawang
d. Tanggap ka, yaiku tembung lingga sing oleh ater-ater ka- kanthi teges dijarak
- kaobong
- kapangan
- kagendhong