Silah-silahing Ukara Jawa

Silah-silahing Ukara Jawa. Silah-silahing ukara sing perlu diweruhi ana 6 warna, yaiku:
1. Ukara Kandha (Kalimat Langsung)
yaiku ukara sing ngandhakake omongan liyan kanthi persis.
Contone:
- Ibu ngendika, "Kowe apa wis adus?"
- "Aku arep menyang kutho", ngendikane bapak

2. Ukara Crita (Kalimat Tak Langsung)
Yaiku ukara sing nyritakake omongan liyan mung sarine/ringkese bae.
Contone:
- Agus takon, sapa sing tiba wingi kae.
- Ngendikane ibu, aku kudu sregep sinau.

3. Ukara Tindak/Tanduk (Kalimat Aktif)
Yaiku ukara sing jejere nindakake pagawean
Contone:
- Rini tuku klapa
- Ibu mundhut sayur kanggo masak

4. Ukara Tanggap (Kalimat Pasif)
Yaiku ukara sing jejere dikenani pegawean
Contone:
- Jajane dipangan kucing
- Sepedahe ditumpaki Adit

5. Ukara Pakon (Kalimat Perintah)
Contone:
- Bukaken lawang kui
- Tutupen bukumu

6. Ukara Panjaluk (Kalimat Permohonan)
Contone:
- Tulung aku jupukna ngombe
- Coba kowe minggira, aku tak liwat

Katrangan
Ukara kandha bisa didadekake ukara crita, lan ukara crita uga bisa didadekake ukara kandha.
Miturut medharake gagasan, ukara bisa diperang dadi 2 warna:
1. Ukara Lamba (Kalimat tunggal)
yaiku ukara sing medharake gagasan mung siji.
Contone:
- Rati tuku buku
- Aku mangan sega

2. Ukara Camboran
Yaiku ukara sing medharake gagasan luwih saka siji. Ukara camboran iku rangkepane ukara lamba.
Contone:
- Adi pinter nanging Dika bodo
- Dani ditukokake sepedha anyar amarga munggah kelas

Baca juga Rurabasa

Demikian pengetahuan mengenai Ukara Jawa, semoga bermanfaat bagi anda yang sedang belajar Bahasa Jawa.